search

Katuranggani wanita kang becik wawatak'ane

  1. Sirah'e bunder, rai uga bunder kaya rembulan purnama (tanggal 14) bathuk'e rata (ora nonong)
  2. Mripat kepara amba dhawa sembada lan mawa cahya kinclong-kinclong, yen ndeleng tajem arang kedhepe, lan ora tau ndeleng sarana nglirik.
  3. Alis'e dhawa kepara lempeng, wulune ora pathing besasik.
  4. Irung dhawa kapara ambangir, garis sakiwa tengen'e irung kathon cetho.
  5. Cangkem sedheng, lambe damis mingkem, untune ora katon, sarta rupane untu ngilap putih lan tumata kaya isi timun kapara gedhe sathitik. Dasar'e lambe rupane menger-menger abang nom.
  6. Kupinge kandhel becik wangune.
  7. Janggute wangune becik lan sangisoring janggut daging'e kandhel.
  8. Pipi'ne rata ora mendhungkul (gembil).
  9. Dariji tangan'e mucuk eri, nanging rada kaku lan kukune kandel. epek-epek'e kandhel alus lemes, suwalik'e (kurebe) kang ana rajah'e (garis tangan) katon luwih alus yen didemek lumer kaya sutra.
  10. Dalamakan sikil e wangune becik, mangkono uga darijine, sarta uga sarwa kandhel alus, lan drijine mau uga radha kaku lan kukune kandhel.
  11. Dhadha amba ing mburi daging'e rada kandhel.
  12. Babalung lan pakulitaning awak alus lemes, nanging kengkeng (singset).
  13. Yen omong alus patitis wijang-wijang prasaja, ora gelem ngrasani wong, swarane alus terang.
  14. Yen gumuyu sajak'e antheng ora ngobahake badan.
  15. Yen lungguh sikil'e tumata lurus (yen sila mlepes ora medongkrong), antheng badane ora obah, tangane ora sraweyan.
  16. Yen lumaku lempeng sarwa tumata, ora katon kesusu, lembehane cangklakane rapet, dadi obahing tangan mung sathithik, badane uga ora obah lan ora nolah-noleh, mripat mung tumuju marang ngarep ing prenah parane.
Wong wadon kasebut ing nduwur watak'e becik banget, setya ing laki, ora bisa ketaman godha, mung madhep sawiji marang lakine, ora gelem laki pindho.
begja banget wong lanang kang nduweni bojo wong wadon kaya kasebut ing nduwur.

Postingan terkait:

Belum ada tanggapan untuk "Katuranggani wanita kang becik wawatak'ane"

Post a Comment

Mohon Berkomentar dengan bahasa bebas sensor

Mengenai Saya

My photo
Kab. Karanganyar, Jawa Tengah, Indonesia

Formulir Kontak

Name

Email *

Message *