search

Palintangan

    Mungguh petunge uga njupuk saka gunggunge neptu dina lan pasaran nalika lahir.
Yen gunggunge neptu dina lan pasaran nalika lahir ketemu :

Neptu

Arane lintang

balane

Satrune

Watak’e

7

Lintang mijan

lintang kuda

lintang jadi

Watak’e agung begjane, akeh godha’ne. Leksanane angin tan kena gogonjakan. Larane sirah, sranane nganggo ali-ali mata ijo, jayane dina setu
sasi besar. Apese dina jumuah sasi rejeb, yen lara dima lan sasi iku , ngalamat wus cepak umur e.

8

Lintang arab

Lintang sur

Lintang kuda

Ngawula kinasihan , godhane wong wadon , sugih bandha, murah tangan oleh krakah , duwe satru ngalih panggonan, tan kena laku ngiwa , sasanakane
akeh begjane , anak-anake ana kang mati, ana kang urip , panggawene bener-bener, diapusi(diracun) dening satrune seje negara, satrune kang
ngapusi mau mati dhisik. Keringan sugih barang. Larane gerok, ngelu lan lesu sranane nganggo ali-ali mata ireng, jyane dina rebo sasi ruwah. Apese dina slasa sasi muud, yen lara dina lan sasi iku , ngalamat wus cepak umur’e.

9

Lintang kukus

Lintang jun

Lintang surtan

Panas yen micara. Kinasihan wong agung pawakane telung rupa , ireng rambute , kena wesi mergo perang lan satrune , kena penggawening wong tan
dadi ngapa , anak e akeh wadone bapa biyunge santosa , lepas budhine , teguh
asih marang wong , awet kabecikaning ati , sanake dhewe sengit, keringan, nanging perak satrune , kena wiyasaning wong den worake papanganan, larane sirah ngenut-ngenut, sranane nganggo ali-ali mata putih. Jayane dina kemis sasi pasa, apese dina rebo sasi sawal, yen lara ing dina lan sasi iku
ngalamat cepak umure.

10

Lintang jadi

Lintang surtan

Lintang sada

Lekasanane gunung cilik tumancep ing bumi, pawakane mbambang ngawak watake akeh begjane, kalane jaran, bantheng, kidang , menjangan, wedhus lan macan, keras atine , sranane ngango ali-ali mata ireng. Jayane dina rebo sasi mulud , apese dina setu sasi sawal, yen lara dina lan sasi iku ngalamat wus cepak umure.

11

Lintang dalu

Lintang sada

Lintang mijan

Watak’e andhap asor , pawakane putih semu abang , ireng rambute , nandhang gethek , murah tangan sedp lamun micara. Oleh artha warisan , nanging ora dadi mulyane , sranane nganggo ali-ali mata mirah . jayane dina jumuah sasi dzulkaidh. Apes e dina selasa sasi jumadilakir, yen dina lan sasi iku , ngalamat wis cepak umure

12

Lintang kuda

Lintang sumbul

Lintang sada

Watake murah tangan panasan butarepan , keras atine , yen nesu kaya matenano wong , nanging kwatiran , akeh rejekine , anak e akeh kang metu lanang, anake wadon akeh kang mati , sring pegatan, nglakoni rabi kaping pat, wayah lingsir tuwuh sinuda rejekine. Gung dipetnah wong kang dedek’e sedheng. Sranane nganggo ali-ali abang. Jayane dina kemis sasi besar. Apese dina selasa sasi rejeb, yen loro dina lan sasi iku ngalamat cepak umure.

13

Lintang asma

Lintang mijan

Lintang arab

Watak’e anggaotaa nanging aja lunga-lunga krana satrune banyu, aja menganggo kang semu kuning. Pawakane mbambang awak andhap agung murah tangan, wekasane kinasihan sapadha-padha , isinan , keras pagaweane , nandhang gethek , teguk keringan , satrune tan ana sing wani , larane weteng , panas ,mumet , sranane nganggo ali-ali mata putih. Umur 20 utawa 30 tahun ginanjar lara , jayane dina ahad sasi sawal. Apese dina setu sasi ruwah. Yen dina lan sasi iki ngalamat wis cepak umure.

14

Lintang sur

Lintang arab

Lintang dalu

Pawakane putih semu abang rai wiyar , gulu lenggang , pasikon lonjong, mawa lancip , lambe tipis , rambut akas , dhadha wijar. Watake omah-omah adoh negarane keringan sapadha-padha, caturane diendel wong,pagaweyane
ngungkuli karem permaiman , ora seneng ngawula , nglakoni rabi kaping pat ,anak e ono kang mati , ono kang urip kena bilahi , ora dadi gawe,larangane
mimisuh, lelarane weteng , sranane nganggo ali-ali mata putih , umur 12 utawa 18 ytahun ginanjar lara. Jayane dina rebo sasi sapar , apese dina setu sasi
ruwah , yen lara ing dina lan sasi iku ngalamat wus cepak umure.

15

Lintang jun

Lintang kukus

Lintang sada

Watak’e mbranyak murah tangan , tutuk wadon , akeh anak e , keras panggaweyane , prungsang tan arsa suka-suka karep panggawe becik , ora waris
dol tinuku , rusak dening arta , rada kurang rejeki , ing wuri akeh pitulungan , dhedhek piyadeke sedheng , ora kena nerak panggawe ala , yen
nerak gelis nemu bilahi , isinan , gethek awake merga saka geni. Larane sring watuk getih , awak e prungsang , ngelu sirahe ngenut-nut , sranane nganggo ali-ali mata ireng jayane dina akad sasi rabingulawal. Apese dina rebo sasi pasa , yen lara dina lan sasi iku ngalamat wus cepak umure.

16

Lintang surtan

Lintang arab

Lintang dalu

Watak e panasbaran butarepan , gethek awake , ing weteng ana toh e ,pawakane kuning semu ijo , dhedehek piadeke gedhe pideksa , keras wicarane ,
umur 7 sasi lara , sranane mata ijo , jayane dina rebo sasi sawal , apese dina akad sasi jumadilawal , yen lara dina lan sasi iku ngalamat wus cepak
umure.

17

Lintang sada

Lintang arab

Lintang mijan

Watak e andhap asor , sabar , lila , lan manis yen micara , keras panggaweane , anak anak e akeh kang mati lan anak e ana kang nandhang gethek,wiwite oleh kamulyan kasumpah , wayah setengah tuwuh suda rejekine , ora
waris dol-tinuku , ing wuri oleh pitulungan , laksanane geni , perak satrune, kena wisa hawa geni, cilakane saka wong wadon teko aweh pepanganan, lelarane weteng , sranane nganggo ali-ali warna abang. Jayane dina akad sasi
jumadilawal, apese dina setu sasi besar. Yen lara dina lan sasi iku ngalamat wus cepak umure.

18

Lintang sumbul

Lintang arab

Lintang kuda

Pawakane putih semu abang , gethek gulune. Nduwe sanak sadulur munggah kaji, ngalih seje negara. Watak e murah tangan , sugih kawruh , sugih bojo , lan sugih bandha , sabarang kang tinandur tulus , orakena lumaku bengi, krana kalane ula. Sranane nganggo ali-ali ijo , jayane dina rebo sasi jumadilakir, apese dina setu sasi dulkaidah , yen lara dina lan sasi iku ngalamat wus cepak umure.



Postingan terkait:

Belum ada tanggapan untuk "Palintangan"

Post a Comment

Mohon Berkomentar dengan bahasa bebas sensor

Mengenai Saya

My photo
Kab. Karanganyar, Jawa Tengah, Indonesia

Formulir Kontak

Name

Email *

Message *