search

watak wanita miturut lahir e

Watak wanita yen lahir ing dina :
1.   Setu Pahing
     ya becik ya ala. yen becik ngluwihi becik e , yen ala ngluwihi alane. ora marem ing kakung
2.   Akad pon
     bekti laki, lantap, gedhe butarepane.
3.   Senen Wage
     bekti laki, pinter getapan rembuge, ora gelem kalah karo guru laki.
4.   Selasa Kliwon
     ora bekti laki, tumama ing godha
5.   Rebo Legi
     ya becik ya ala. yen becik ngluwihi becik'e , yen ala keliwat alane.
6.   Kemis Pahing
     Bekti ing laki nanging gampang kena godha.
7.   Jumuah Pon
     rembuge wani mring laki, boros, gedhe alangane, nanging jinurung hyang agung.
8.   Saptu Wage
     luwih bekti mring laki. pinter, setiti ngati-ati, nanging sring ora derman anak-anak.
9.   Akad Kliwon
     sungkanan, butarepan, kurang open mring laki.
10. Senen Legi
     wani mring laki, nanging nggawa rejeki.
11. Selasa Paing
     kurang open mring laki , dhemen pamer.
12. Rebo Pon
     butarepan nanging ora ngetarani, kurang open mring laki.
13. Kemis Wage
     pinter ngrampungi sebarang gawe, akeh rijekine nanging lantap , lakine ering lan gampang kena godha
14. Jumuah Kliwon
     bekti laki, waskitha kareping laki, ngati-ati, sinung rejeki, nanging gedhe butarepane.
15. Setu Legi
     Sinung rejeki, lantap ing laki, kudu ngalap menang.
16. Akad Pahing
     Sugih rejeki, sakarepe dadi, nanging rusuh dhemen barang kang ora kalal, wani mring laki.
17. Senen Pon
     Ora antepan mring laki.
18. Selasa Wage
     Akeh rejekine, akeh sanak'e, wani mring laki, dhemen laku silib.
19. Rebo Kliwon
     Sungkanan, kesed, kurang open mring laki.
20. Kemis Legi.
     Gedhe butarepane, dhemen laku ngiwa, ora bekti laki.
21. Jumuah Pahing
     Kurang bekti laki.
22. Setu Pon
     Akeh rejekine, ngati-ati, cethil wani mring laki.
23. Akad Wage
     resikan sabarang gawe, bekti laki, ora gelem nampa barang kang ora kalal.
24. Senen Kliwon
     Saen, sungkanan dremba, asih mring laki.
25. Selasa Legi
     Lantap, sumangkean, wani mring laki, nanging akeh sih'e, lan berbudi.
26. Rebo Pahing
     Kesed, drengki, butarepan
27. Kemis Pon
     Bisa amet prana mring laki, tansah kinasihan nanging batine lamis mring laki, dhemen laku ngiwa, akeh rijekine
28. Jumuah Wage
     Akeh rejekine, bisa sugih, nanging tega mring laki, crobo dhemen laku ngiwa.
29. Setu Kliwon
     Kesed, butarepan, wani mring laki.
30. Akad Legi
     Weruh sasmita, akeh begjane, bisa ngrewangi laki, nanging radha wani lan kurang bektine.
31. Senen Pahing
     Sungkanan, peteng atine.
32. Selasa Pon
     Gedhe begjane rila legawa, bekti laki, nanging gampang nepsune mring laki.
33. Rebo Wage
     Rila legawa, bekti laki, karem pepasihan.
34. Kemis Kliwon
     Pinter dhemen ilmu, meneng dhemen mbodho, wruh ing laki.
35. Jumuah Legi
     Rila balaba donyane, nanging ora antepan ing laki.

Postingan terkait:

Belum ada tanggapan untuk "watak wanita miturut lahir e "

Post a Comment

Mohon Berkomentar dengan bahasa bebas sensor

Mengenai Saya

My photo
Kab. Karanganyar, Jawa Tengah, Indonesia

Formulir Kontak

Name

Email *

Message *