search

Ala Becik'ing Sasi Kanggo ijab'ing Penganten


Sura  
: tukar padu , nemu karusakan , (aja diterak)
Sapar  
: Kekurangan , Sugih utang (kena diterak)
Mulud 
: Mati salah siji (aja diterak)
Rabingulakir    
: Tansah dicatur lan nemu ujar ala (kena diterak)
Jumadilawal 
: Kerep kelangan , kapusan , sugih satru (kena diterak)
Jumadilakir
: Sugih mas salaka 
Rejeb   
: Sugih anak lan slamet
Ruwah  
: Rahayu ing sakabehe 
Pasa  
: Cilaka gedhe (aja diterak)
Sawal 
: Kekurangan , sugih utang , (kena diterak)
Dulkangidah
: Gering , kerep pasulayan lan mitra (aja diterak)
Besar
: Sugih , nemu suka harja 

Katrangan : kang becik kanggo ijab e
penganten yaiku sasi jumadilakir , rejeb , ruwah lan besarSemono iku yen
sajronig sasi-sasi mau ana dinane selasa kliwon , luwih becik maneh yen sasi
iku uga ana dinane jumuah kliwon.

Dene yen ora ono dinane selasa kliwon ,
sasi-sasi iku banjur kapetung sasi kang ala , lan ora kena kanggo ijabing
penganten. yen perlu aluwung nerak nganggo sasi-sasi kang kurang becik yaiku :

Sapar , Rabingulakir, Jumadilawal utawa
Sawal.

Nanging yen sasi-sasi mau ana dinane
selasa kliwon , sukur bage kajaba ana dina selasa kliwon , uga ana dinane
jumuah kliwon iku kang luwih becik banget.



Postingan terkait:

1 Tanggapan untuk "Ala Becik'ing Sasi Kanggo ijab'ing Penganten "

  1. Matur nuwun sanget.... saget anambahi wawasan ing kajawen....

    ReplyDelete

Mohon Berkomentar dengan bahasa bebas sensor

Mengenai Saya

My photo
Kab. Karanganyar, Jawa Tengah, Indonesia

Formulir Kontak

Name

Email *

Message *