- Tumpeng Robyong lan Tumpeng Gundhul diwadahi ceting
- Jenang abang putih , baro-baro diwadahi cowek cilik
- Jajan pasar diwadahi tampah , wujude : gedang raja , gedang pulut , jambu kluthuk , bengkowang , tela pendhem , uwi , gembili , timun , tebu , srabi abang putih , opak angin , jadah , jenang , tape , kinang , kembang boreh , menyan lan empon-empon , kayata : dlingo , bengkle , temulawak , temuireng , kunir , kencur
- tampah di iseni beras setakir , didekei endhog ayam entah 1 lan duit , gulo jawa setangkep , krambil saglundhung lan empluk isi : beras , kemiri gepak jendhul , kluwak , bendo , kisi , pengilon , jungkat , suri , lenga sundhulangit , lan endhog ayam mentah 1 pitik urip , klasa anyar , kendhi , lan damar clupak
- Endhas kebo (uga kena diganti iwak kebo siji yaiku : daging , jeroan sapepake setitik setitik bae mung kanggo syarat ,uteg lan mata 1)
- Kalak , yaiku iwak sujenan dibakar tanpa bumbu
2. Sajen Padaringan
Sajen padaringan padh bae karo kasebut ing sajen patenan ,Dene bedhane yen sajen padaringan ora nganggo endhas kebo lan kalak
3. Padheman
Empluk isi : gereh pethek, kadhele , kacang ijo , kemiri gepak jendhul , endhog ayam mentah , gantal , lenga 1/2 gendhul lan banyu 1/2 gendhul diworake supaya kalis ing tuju , tenung , teluh , taragnyana , kabeh mau di pendhem ing sangareping patanen , ngarep lawang gedhe , ngarep pawon lan ndalan prapatan.
4. Buwangan
Empluk isi : Gereh pethek , kadhele , kacang ijo , kemiri gepak jendhul , endhog ayam mentah , gantal , lenga 1/2 gendhul lan banyu 1/2 gendhul diworake , kembang boreh , jenang abang ptih , jenang baro-baro , gecok mentah , pada diwadahi takir , saben satakir nganggo dhuwit sigar (1/2 sen) , kang dibuwangi ing : patanen , gedhong wetan utawa gandhok , sakabehing : lawang , pojokan omah , sumur jamban , jumbleng (kakus) , pawuhan , regol , papaning gamelan , dalan prapatan lan ing kali
5. isarat
Anjupuk wedhi ing kagungan dalem bangsal sitinggil , godhong wringin mlumah mengkurep , wringin sengkeren (wringin kurung) wetan kulon yaiku kanjeng kiayai Jayandaru , sarta Dewandaru , sarta njupuk uwuh ing pasar gedhe , kanggo adang , apadene njupuk banyu tempuran , yaiku tempuking kali 2 , diwadahi kendil utama klemuk kanggo sajen
Belum ada tanggapan untuk "Sarat Lan Sajen Manthu "
Post a Comment
Mohon Berkomentar dengan bahasa bebas sensor