search

Tetambane Wong Meteng tumekaning nyusoni bayi



Tetambane wanita anggarbini ( meteng)

1)      Yen anggarbini sesasi tumeka 3 sasi jejamune :

a.       dlingo
b.      bengkle
c.       kunir
d.      temulawak
e.      sintok
f.       mesoyi
g.      cabe
h.      bawang putih
i.       kemukus
j.       seprantu
k.     lempuyang
l.      godhong cukilan
m.    kembang wora wari bang 
kabeh mau banjur kapipis binayonan sapantese , kaombe

2)       Yen anggarbini 3 sasi tumeka 7 sasi , jejamua wejah yaiku : godhong sinom , pupus
dhadhapsrep , pupus jambu kluthuk , pupus jambu dersana bethotan nanas ,
godhong : meniran , sembukan , krema , temugiring , temu ireng lempuyang ,
kunir , sawanan , keh sethithik e sapantese , banjur kadeplok binayonan
sawatara , kasaring banjur kaombe , yen arep kaombe kecerana jeruk pecel
sathithik , jejamu mangkono iku ing saben dino senen , kemis.

3)      Yen anggarbini 7 sasi luwih tumeka 8 sasi , ing saben dina senen lan kemis jejamua
omben-omben kang ginawe saka : kayu legi sadriji , didhedhegi , kerikan secang
pengaji saprapat dhuwit , banjur dikum nganggo leri bungkak watara 3 jam suwene, banjur kaombe dene ing dina rebo lan setu , jejamua omben-omben kang ginawe
saka : cab 3 iji , lempuyang 2 rampang (grigih) , kadeplok binayonan sapantese, diuyahi sajimpit lan dikeceri jeruk pecel sathithik , kaudhak banjur kaombe.

4)      Yen anggarbini ngancik 9 sasi , ing dlem seminggu sepisan jejamua sorog , yaiku :
katumbar sajimpit , godhong trawas rong lembar , seprantu siji binuwang isine ,
jinten ireng sajimpit , jongrahab , ajar lan mesoyi sathithik , thothok mimi
sacuwil ,kulit urang kabakar sathithik , banjur kapipis diuyahi lan binayonan
sapantese , kasaring banjur kaombe.

5)      Yen wis ngancik 9 sasi kajaba jejamu kaya kasebut ing nduur jejamua uga komplang,
yaiku :  temulawak se endas jago kaparut , banjur diperes diwori lenga klenthik
½ sendok teh , banjur diombe , kaobene aa ing tengah lawang sarta jamu mau
pangobene diwadhahi godhong lumbu



Tetambane sawise nglairake jabang bayi

1.       Ing saben esuk sore wedhakakana beras kencur nganti sepasar lawase

.       Lan uga wedhakan : temutis , bengkle , kunci , lempuyang emprit , godhong poo ,
kencur , sprantu , godhong lan kulit e jeruk purut , kayuangim , sintok ,
mesoyi , cabe , bawang , brambang , cengkeh , pala , adas pulawaras , jinten
ireng , jinten putih , waronsari , mungsi , dlingo , kebang tapen , mrica putih, banjur kapipis binayonan saprayogane banjur kanggo wedhak ,

3.     Ngombe jamu kang digawe laos , bawang putih , uyah goreng , kapipis binayonan banjur kaombe

4.     Ngombe jamu parem kang digawe : katumbar , mungsi jawa , adas pulawaras , jinten ireng, cengkeh , kemukus , kapulaga , sidawayah , sukmadiluwih , kembang pulu
(kembang sumba ) , widara laut , secang , manis jangan , sintok , mesoyi ,
kayulegi , kayuangin , kedawung , pala , kencur , kunir , temugiring ,
temulawak , asem ireng , kabeh mau diepe , yen wis garing banjur dideplok dadi
bubukan , yen arep jejemu njupuk o seperlune binayonan diuyahi sathithik banjur
kaombe

5.    Tapele kembang kenanga , bengkle , jongrahab , ketumbar bolong , kapipis banjur ditapelake.

6.    Utawa suruh , bengkle , ketumbar bolong , joongrahab , kapipis binayonan sathithik ,
banjur ditapelake ing padharan

7.    Pilis e yen esuk nganggo godhong turi , jongrahab , ketumbar bolong , brambang ,
kapipis banjur kapilis ake , yen ora kraket binyonan sathithik.

8.    Utawa nganggo pilis singgul yaiku : dlingo , bengkle , kunir , jinten ireng ,
lempuyang , ketumbar , mesoyi , jenggot ajar , isi seprantu kapips banjur
kapilisake , yen ora kraket binayonan sathithik.

9.     Lan uga wewedhaka : dlingo , bengkle , kunir , jinten ireng , lempuyang , kemukus ,
mesoyi , kayuangin , kayu timur , sere , tegari , ganti , kencur , kemukus ,
cengkeh , sintok , cendana , banjur kadheplok dadi siji kaulet diglintiri cilik
cilik , sarta kaepe nganti sesasi lawase , dene penganggone di jeri nganggo
banyu kanggo wedakan.

10.   Yen wis oleh 40 dina , jejamune yaiku : mungsi , cabe , kemukus , klabet , jinten ireng , kayu
jang-jang , kedhawung binakar , kembang pala , podhi sari , mmurmak daging ,
sintok , seprantu , getah pelang , pulasari , kayu legi , godhong trawas ,
jenitri , kembang lawang , kapipis binayonan banjur kaombe.



Tamba payudara supaya deres wetuning banyu susu lan yen kena lelara

1.       Oyod pari , oyod kangkung , adas pulawara , keningar , kapipis lembut banjur
kawedhakaken ing payudara , supaya deres wetuning banyu susu

2.       Temulawak diparut , godhong katuk , tawas , ragi , kayulegi , brambang kapipis banjur
kawedhakaken ing payudara supaya deres wetuning banyu susu

3.       Payudara sadhanen , tambanana godhong kecubung , adas pulawaras , brambang , kembang abu, kapipis binayonan cokak jawa , yen arep kanggo , di enget nganti manget
manget , banjur diwedhakake ing payudara.

4.       Payudara mentheng-mentheng abang krasa lara utawa abuh , tambanana pala digodhog , sarta
kuliting dlingo kapipis , banjur ditutul-tutulake kang lara nganggo gombalan.



Tamba tapel lan pupuking bayi

1.       Jeruk pecel 1 , enjet , lenga putih , diulet banjur ditapelake

2.       Adas ,  brambang , kadhawung  dibakar , kayu angin , kayu ulet-ulet ( kayu ules ),temulawak , godhong lampis , godhong slembukan , asem ireng banjur kapipis kanggo tapel

3.       Yen sore pupuk e : dlingo , bengkle, brambang , kunir kapipis , banjur kapupukake,
dene anggone mupuki , ing seben dina esuk sore , nganti bayi umur 14 sasi.

4.       Yen esuk pupuk e : godhong krema , temu giring , brambang , kapipis , kanggo pupuk.
Dene anggone mupuki ing seben dina esuk sore , nganti bayi umur 14 sasi.



Tamba yen nglahirake kesuwen

1.       Tampanging jala kang wis di kanggo (timbel e ) , dikum ana ing pinggan banyune kaombe ke
kang lagi nglarani , (timbele jala sadurunge dikum dikumbah resik , mangkono
uga banyun kang kanggo ngekum kudu resik). Banyune kum-kuman tampang jala ,
sadurenge kaombeake banyu mau diwacakne surat an ngan disik , sarta kadamu ping
3 banjur kaombeake . dene unine surat an ngam mau lapal e mangkene :  latut rikuhul absaru, wahuwa yud rikuhul absaro, wahuwa latiful khabir.

2.       utawa banyu kumbahane tungkk sikile sing lanang (nanging yen ora kena lelara , sarta
kudu diwisuhi kang resik). Bnyu kukumbahan tungkak mau winadhahan ing pinggan,
lan diwacakke an ngam dhisik kaya kasebut ing nduwur , sawuse diwacakke lan
didamu ping 3 uga banjur kaombeake.



Tamba ari-ari ora bisa metu

1.       tambanana : dhangkel kelor lan adas , kapipis binayonan wedang banjur kaombe

2.       utawa tambanano : babakan teter , bawang putih , kapipis binayonan kaombe









Postingan terkait:

Belum ada tanggapan untuk "Tetambane Wong Meteng tumekaning nyusoni bayi"

Post a Comment

Mohon Berkomentar dengan bahasa bebas sensor

Mengenai Saya

My photo
Kab. Karanganyar, Jawa Tengah, Indonesia

Formulir Kontak

Name

Email *

Message *