search

Macem-macem'e slametan bocah

  • ·  Sametan Sepasaran

Slametan sepasaran yaiku :
·  sega tumpeng janganan 
· Jenang abang putih
· Jenang baro-baro
· Lan jajan pasar



·        
  • Slametan Selapanan

Slametan selapanan , padha lan sepasaran , mung bae ing dhagan pathurone bayi sajenana bathok balong dilambari godhong banjur didokok i kathul lan areng jati , banjur ditumpangi godhong,
sawise banjur didekeki tumpang , tumpeng mau ing pucuk ditancebi brambang , lombok abang lan endhog glundungan.

Kajaba saka iku , bocah yen wis umur selapan dina banjur dicukur , dene rambut cukuran sapisannan lan kethokan kuku disawati , sarta ditunggalna dadi siji karo coplokane puser lan taine kalong ,

Mulane perlu dirawati, mbokmenawa besok bocah mau dhemen marang kadigdayan kanuragan , aji jaya kawijayan nora tedhas tapak paluning pandhe sisaning gerinda , coplokane puser lan liya-liyane kang
didadekake siji mau supaya diuntala.

Dene slametan 2 , 3 ,4 ,5 , 6 lapanan mung sega janganan , jajan pasar lan jenang abang putih , baro-baro.





·        
  • Slametan mudhun lemah
Yen wus umur 7 lapan banjur mudhun lemah , slametane :

1.     Sega janganan lan liyan-liyane kaya kasebut ing nduwur iku ,  sarta juwadah lan tetel warna mitu (abang , putih , ireng , kuning , biru , jambon , ungu )
2.    Banyu kembang setaman
3.    pari
4.    kapas
5.   andha tebu arjuna ,
6.   bokor isi beras kuning
7.   kembang
8.   sawarnaning dhuwit : igaran , sen , kethip , talen , rupiyah , ringgit
9.   Rajabrana : gelang , kalung , ali-ali , sapunanggalane

Sarta disediani kurungan , bocah ditetah di idak-idakke jadah tetel , banjur diunggahake andha tebu, yen wis banjur dikurungi , bokor isi rupo-rupo mau lan pari kapas , dicedhakaake supaya
bisa dolan njukuk sakarepe.

Ing kono banjur udhik-udhik (beras kuning , lan dhuwit disawurake , banjur dinggo rebutan kang padha nonton) .

Sawise banjur bocah didusi banyu kembang setaman, sarampunge banjur di enggon-enggoni sandangan lan nganggo gelang, kalung , sapadane banjur kalungguhake ana ngomah ing gelaran pasir , bokor isi :
beras kuning , dhuwit , rajabrana dicedhakake maneh , banjur di kur , kur, kur ( nguwurake beras kuning kang di wori dhuwit lan rajabrana) , bocah dicedhakake supaya njupuk.



·        
  • Nyapih 
Bocah yen umur 18 wulan utawaa 2 tahun banjur disapih , dene issarat e : bocah mau digawa
sangisore wit gedhang, ing kono didekeki pangaron isi kembang setaman , Sarto pangarone dileleti tape ketan. Saka sangisore wit gedhang , bocah mau di emban  digawa mubeng ngubengi omah ping telu, banjur sirah e dijeglukake wit gedhang ping telu ( kanggo sarat mung lirih bae )

banjur didongane mangkene : sang wewe putih , kowe dak opahi tape sepangaron , nanging janji bisa
nyapih sijabang bayi , aja nangis
bocah mau banjur di dus i kembang setaman kang ono sangisore wit gedhang mau.

        Kajaba iku sadurnge bocah mau kudu dicekoki :
kunir , tumbar , trawas , dipipis binayonan , dene ampase diwuwuhi enjet banjur
kanggo tapel. sarta omben-ombene : kleyang godhong dhadhap lan babakane,
kagodhog banyune sapantese iku kanggo omben-omben. Sarta dipupuki : godhong
dhadhap srep , upa lan uyah sajimpit dipipis lembut.

 

  • ·       Slametan tetesan
Yen bocah wadon 8 – 10 tahun kudu ditetesi ( sunat ) , slametan lan sajene : jenang abang , putih , baro-baro , tumpeng robyong , tumpeng gundhul ( tanpo lawuh ) , gula jawa satangkep , krambil wutuh 1 , empluk isi :

1.   Beras
2.   Kemiri
3.   Kluwak
4.   Gedhang ayu
5.   Suruh ayu
6.   Gambir
7.   Jambe sagagange
8  . Kambang telon
9.   Menyan
10.Lawe
11. Kisi
12. Dilah
13. Kendhi
14. Pitik urip tindihe dhuwit rong wang sabenggol

Dene papane kang kanggo netesi digelari klasa , ing tengah
klasa pasir utawa babut , didekeki godhong :

1.      Kluwih
2.      Kara
3.      Dhadhap srep
4.     Alang-alang ditumpangi klasa bangka cilik
Banjur dilemek i :

a.      Letrek
b.     Jinggo
c.      Bangun tulak
d.     Sindur
e.     Sembagi
f.       Selendang lurik puluh watu
g.      Yuyusekandang lan lawon

Bocah kang ditetesi kapangku ing sanak sedulure kang wis sepuh lan katon mulya urip e, perlu disuwuni supaya berkah supaya ktularan mukti.

Mripate boccah mau ditutupi saka mburi banjur dhukun methet (nethes) dene pethetane , kunir lan kapuk e kacemplungake ing cuwo isi kembang setaman , banjur kalabuh ing bengawan , sawise ditetesi bocah mau banjur kon mamah jamu mamahan , wujude yaiku : beras kencur , kunir asem , tumbar , trawas, lan kayulegi , kabeh mau metahan. Jamu kasebut ing nduwur mau pamahane genti-genti, banyune kaulu ampase kalepehake lan banjur nguntal endhog pittik mentah .

Sawise bocah mau banjur disirami lungguh ndingklik dilemeki
kaya nalika ditetesi . sarampunge adus bocah mau banjur didandani nganggo-anggo
sarwa becik , kalungguhake ana sangareping pathanen ( senthong tengah)



  • ·        Tarapan

Bocah tarap ( wiwit anggarap sari ) sajrone 7 dina boah mau ora kena metu saka omah , gelungane ditaleni nganggo lawe , supaya aja nganthi wedar sajroone 7 dina , lan ora kena adus sajrone 7 dina , yen lungguh nganggo lemek jamu galihan dikanthongi , sarta kanthonge dirangkepi lawon , yen wis 7
dina banjur di dusi , dene aduse lan ubarampene , apadene , patrap-patrape padha karo yen adus manten utawa tetesan.

Sarampunge adus banjur jejamu mamahan , rupane kaya jamu mamahan yen tetesan. Nanging tambah jejamu kang digodhog : pentil dlimo putih , temulawak dikruweki diiseni majakan , jeruk purut diiseni cengkih sajodho , lan pentil tela gantung , pemamahe iya kaya nalika tetesan. Dene slametane lan
sajene uga padha karo slametan lan sajene yen tetesan.


  • ·        Supitan

Bocah lanang umur 13 – 15 tahun kudu disupiti, sarahning wis umum diwuningani tatacarane ora perlu diterangne , dene slametane lan sajene padha lan slametan tetesan. Mung tambah sajen : sawarnaning gerangan arit , pacul , pangot , marisan , linggis lan sapadhane , kabeh mau diwadahi
tebok kaya nata ambengan. Dene patrape lan ubarampening siraman lemeke lan
kosokane padha lan siraman tetesan kasebut ing nduwur.

Dene yen arep disupiti wayah jam 4 utawa 5 esuk , kudu kungkum disik.


Postingan terkait:

Belum ada tanggapan untuk "Macem-macem'e slametan bocah"

Post a Comment

Mohon Berkomentar dengan bahasa bebas sensor

Mengenai Saya

My photo
Kab. Karanganyar, Jawa Tengah, Indonesia

Formulir Kontak

Name

Email *

Message *