search

Ramal Nabi

     Mungguh petunge njupuk saka gunggunge neptune dina lan pasaran nalika lahir.
yen gunggunge neptu dina lan pasaran nalika lahir ketemu :

Neptu
Ramal Nabi
Watak’e
7
Yunus
Sugih anak , ngarepake awang-awung , akeh godhane .
8
Ayub
Gedhe pangan’e, sring tukaran
9
Musa
Akeh pangarah , menang perang, ngarepake kebecikan, ambabarake wirang, marang brayat, panasten, kena bilahi
10
Nuh
Nglakonano merdagang lan tani , kena bilahi
11
Idris
Adoh ing bilahi , karep panggawe becik , ngarepake nikmat , kena cacad
12
Ibrahim
Tan kena adoh lan masjid , oleh arta ninggal arta , yen dudu artane dhewe kang ora sah ndadhekake rubedane awake dhewe.
13
Adam
Begja oleh kanugrahan , akeh artine, sugih anak becik-becik, nemu ala saka anak, agung dipitnah wong, wanci umur setengah tuwuh pisah lan anak rabine.
14
Sulaiman
Sugih arta-arti kedhep keringan , nanging awis putra , sring mumungsuhan.
15
Dhawud
Akeh putrane, artine akeh ilang, agung prihatine, suka-suka mung sa’anak rabine.
16
isa
Oleh kanugrahan, nduweni ati abot , akeh wong asih, kena bilahi.
17
muhammad
Ora nduwe arta , kerep ing kabecikan, tetp pangabektine, ora kena suka-suka, akeh satrune, kanugrahane agung, akeh bilahine
18
Yusup
Akeh begjane sugih arta, kena bilahi.

 Katrangan : saumpama bocah lahire dina setu paing. Setu neptune 9, paing neptune 9, 
gunggung 9 lan 9 = 18 tiba ramal Nabi Yusup , mangkono sabanjure

Postingan terkait:

Belum ada tanggapan untuk "Ramal Nabi"

Post a Comment

Mohon Berkomentar dengan bahasa bebas sensor

Mengenai Saya

My photo
Kab. Karanganyar, Jawa Tengah, Indonesia

Formulir Kontak

Name

Email *

Message *