search

Bab jeneng

Saka kawitane para paniliti kasunyatan , tumprape wong lumrah kajaba jeneng paparingan panjenengan ratu marga kagawa saka pangkate , jeneng iku ana kang becik , sedheng , kurang becik sarta ora becik.

          Jeneng kang kurang becik utawa ora becik andayani maring kang duwe jeneng kerep nemu alangan , senajan kang nduwe jeneng iku mau pangkate gedhe utawa sugih bandha , nanging wahanane kerep nemu sandungan kang ora nyenengake angganggu ketrentremanng ati. perlu katerangake jeneng kang becik , sedheng lan ora becik , kaya ing ngisor iki.
  1. Tumprape wong lumrah (dudu darah luhur putra sentaning ratu) , anane jeneng kang becik : Prawira, Reja , Harja , Diharja.  jeneng kang becik iki ora ken dirangkepi karo jeneng kang kurang becik utawa ora becik kang kasebut ing angka 3 lan 4 ing ngisor iki , kenane mung dirangkepi karo jeneng kang sedheng kasebut ing nomor 2 ing ngisor iki . umpama jeneng prawira dirangkepi Dijaya dadi aran Prawira Dijaya. luwih prayoga yen dirangkepi jeneng kang becik , umpama Prawira lan Harja , dadi aran Prawira Harja.
  2. Jeneng kang Sedheng : Sura , Dijaya , Yuda , Sastra ,Wardaya , Suma , Danu , Mangun , Sudira , Wira , Puspita , Sasmita , Wasita , Warsita , Wirya , Taruna , Krama , Yasa , Purwa lan sapunanggalane kang ora kasebut ing nomer 3 lan  ing ngisor iki. jeneng kang sedheng iki uga ora kena dirangkepi jeneng kang kurang becik utawa ora becik , dene prayogane kudu dirangkepi jeneng kang becik kasebut ing angka 1 , umpama : jeneng Sura dirangkepi Reja dadi aran Surareja
  3. Jeneng kang kurang becik : Darma , Sudarma , Cakra , Brata , Subrata , Dibroto , Surya. Jeneng iki sendyan dirangkepi karo jeneng becik ya ijih ajeg kurang becik wahanane , kajaba yen kang nduwe jeneng mau laku tapabrata.
  4.  Jeneng kang ora becik : Nata , Pranata , Dinata , Winata , Praja , Mangku , Sujana , Sarjana. jeneng iki senajan dirangkepi karo jeneng kang becik uga ora mahedahi , iya tetep ora becik wahanane. kajaba yen kang duwe jeneng mau wong ahli tapabrata , suci lan welasasih ing sapdha-padha , iku ana tawar'e senajan ora tawar , samangsa kataman ing pakewuh nandhang kasusahan iya kuwat nglakoni ora nggodha katentremaning atine , marga manunggal sawiji tekade , yaiku kang aran wong utama , wis ora kagodha utawa kabandha dening kahanan donya ananging kang mangkono iku arang anane , mula prayogane ora ana alane miliha jeneng kang kalebu becik.

Postingan terkait:

Belum ada tanggapan untuk "Bab jeneng "

Post a Comment

Mohon Berkomentar dengan bahasa bebas sensor

Mengenai Saya

My photo
Kab. Karanganyar, Jawa Tengah, Indonesia

Formulir Kontak

Name

Email *

Message *