- Pawakan cilik, kulit abang semu biru, ngrempel sisinome (rambut ing bathuk), rambut akas ireng dhawa, manis pasemone , iku nikmat banget ing asmara.
- Pawakan cilik respati, rai ngunguwung kuning semu ijo, sinome ngrempel, iku nikmat banget ing asmara.
- Lencir mbambang awak, rambut akas ulat galak, iku simpen kanikmatan ing asmara.
- Lencir kuning galak ulat, mripat njait lidri, gulu manglung, merit sikile , iku nikmat ing asmara.
- Cilik andhap, sikile merit, dhadha mungal, iku nikmat ing asmara.
- Kuning mbengkle keris, srenteg pangawak dara, mripat njait, rambut ngandhan-andhan, iku simpen kanikmataning asmara.
- Dhenok kuning gedhe pawakane, tajem polatane , payudarane sedhengan, rambut memak dhawa, aweh nikmating asmara.
- kulit mbambang awak, nanging raine semu kuning, rambut akas ngulit adas. iku nikmat ing asmara.
- Kulit radha kuning semune ijo, cilik respati badane, sumirat raine, ngrempel sinome iku nikmat ing asmara.
- Gulune manglung, sikile merit, iku nikmat ing asmara.
- Bau lan pundhak radha megar, sikil'e cilik merit, iku nikmat ing asmara.
- Badane cilik mbambang awak, nanging raine semu biru, ngrempel sinome. iku nikmat banget ing asmara.
- Dedeg lencir, semu abang raine, akas rambute, iku sedhengan nikmate ing asmara.
- Kulit mbengkle keris, srenteg pangawak dara, mripat njait, rambute brintik, tembunge sareh, iku mung sedhengan ing asmara.
- Kulit ireng semu klawu, yen senggama ambungen lambene, wong iku banjur ora gelem pisah, iku sedheng nikmating asmara.
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
Belum ada tanggapan untuk "sex wanita menurut primbon-Tandha Rasaning Wanita"
Post a Comment
Mohon Berkomentar dengan bahasa bebas sensor