search

ciri fisik wanita tidak cocok untuk di peristri-wong wadon kurang becik

Wong wadon kang keras atine kudu menang karo wong lanang
  1. Raine bengep (bengkak), rupane abang semu ireng, sarta gilap ngemu lenga, wangune gepeng (ceper)
  2. Balungan sarwa gedhe.
  3. Sirah'e nyanthuk.
  4. Alis'e wulune arang lan kasar.
  5. Irung lincip nanging ora mbangir.
  6. Kuping'e kebalik mengarep.
  7. Cangkeme amba njuwewek.
  8. Gulu gedhe sengkek.
  9. Dhadha dawa ndengkeng.
  10. Puser'e (wudel) cethek.
  11. Penthil'e susu cilik ireng rupane.
  12. Badan'e sugih wulu.
  13. Sikil'e katon urate akeh.
  14. Dariji tangan lan sikil'e kasar cendhak.
  15. Rambute cekak lan rambut mau kuning rupane.
Wong wadon kaya kasebut ing nduwur iku kabeh kajaba keras atine, yen nduwe anak , anak'e ora dhawa umur'e. sarta bojone akeh susah'e utawa sok mati dhisik.


Wong wadon kang uga nyusahake wong lanang
  1. Raine senajan becik nanging mripat'e kuning.
  2. Rai amba nanging cangkeme ciut banget.
  3. Sanduwuring irung ana geret-gerete.
  4. Kuping'e oraa ana pinggire.
  5. Kulite putih kaya dene kapur utawa perak.
  6. Alis'e kasar, putih lan irenge mripat mandelo.
  7. Rambut'e sirah ireng nanging alis'e cendhak lan wulune mung sathithik banget.
Wong wadon kang kasebut ing nduwur iku kabeh uga gawe susah marang bojone utawa uga sok mati dhisik sing lanang mau. lan anak'e sok ora dhawa umur'e.


Wong wadon kang ora becik wewatakane 
  1. Rai terang kaya dene digosok lenga
  2. Rai kulit'e kaya wong tuwa
  3. Rai rupane kuning pucet, utawa ndadhu semu putih.
  4. Rai amba nanging irunge cilik
  5. Rai lonjong nanging kupinge kaya kuping tikus 
  6. Mripat, rupane kaya mata wedhus, utawa wangun bunder rai dhawa.
  7. Mripat kang pandirangan.
  8. Mripat mendelo kaya mata urang.
  9. Mata gilap kaya dene tumetese banyu, yen ndeleng mlorok.
  10. Mripat katon urat'e abang rupane mata kuning.
  11. Mripat pinggire tumurun mangisor.
  12. Alis, ing pucuk munggah banget mandhuwur.
  13. Irung cilik pucuk mendengkeluk mangisor.
  14. Lambene nai laler, lan bisa obah.
  15. Lambene tipis utawa ndomble , rupane putih utawa biru.
  16. Pipine radha kempot utawa gembil.
  17. Kulit putih kaya kapur, utawa kulite ngemu lenga, daginge lemes.
  18. Pinggir cangkem geret-geret.
  19. Dadha dawa, bongkong mumbul mandhuwur.
  20. Pundak brojol(tumurun) , bangkekan cilik.
  21. Puser papane rada mangisor.
  22. Penthil susu tumurun mangisor.
  23. Sikile kuru dhawa kaya sikil manuk cangak.
  24. Badane lemes leyar-leyor.
  25. Perji gundul utawa rambut perji kasar.
  26. Sirah gedhe rambut arang utawa sirah ceper bathuk ciut.
  27. Yen merem alis'e kisut.
  28. Wentis'e ana wulune.
  29. Ilat lancip landhep.
  30. Bathuk amba, pilingan rambute kethel.
  31. Untune landep kaya untu tikus.
  32. Bandan pendek gulu sengkek, utawa badan duwur gulu sengkek utawa badan lemes kuru dhuwur.
  33. Gulu kuru alise arang.
  34. Bangkekan ndengkeng weteng cilik (kempes)
  35. Bangkekan megos driji cendhak.
  36. Yen lumaku sirahe obah, lan sirahe sering manglung mengarep, tangane uga obah, utawa lakune memper lakune bebek.
  37. Yen ngadheg sikile sing siji miring, utawa tansah obah , utawa tangane uga obah.
  38. Yen ndeleng wong mripate kerep kedhep'e lan plirak-plirik.
  39. Sirahe kerep tumungkul, mripate miring, utawa mripate dhemen nglirik lan ngintip, lan dhemen ndeleng kang ora mestine dideleng.
  40. Saben lumaku sathindak ping telu ngobahne badan.
  41. Yen ketemu wong dhemen ngumpetake raine, nanging mripate karo nglirik.
  42. Sadurunge omong mesem dhisik.
  43. Yen omong pedhot-pedhot lan ora tentu tujuane lan perlune.
  44. Yen nyritakake apa apa kerep lali.
  45. Dhemen omong dhewe sajronig ati.
  46. Yen gumuyu, swarane kaya swara jaran.
  47. Dhemen noleh memburi.
  48. Tandhange katon bingung.
  49. Yen narik napas bangkekane obah.
Saka 49 bab kang kasebut ing nduwur iku, yen wadon polah lan rupane kasebut ana 2 bab utawa luwih watak e wong wadon iku ora becik, ora kena dipercaya kasetyane marang wong lanang, akeh melik'e marang wong lanang liyo.


Panengerane wong wadon kang ora setya ing laki
  1. Rambute akeh kethel banget, ing pilingan rambute uga kethel banget mripate lirak lirik.
  2. Lambene nai laler, sirahe ndhongok, yen lumaku sirahe obah gedhak-gedheg, lembehane tangan dhawa, yen gumuyu cangkeme ditutupi tangan, yen lungguh sikile obah.
  3. Irunge lincip nanging ora mbangir, mripat terang nanging obah ngiwa-nengen, sirah lan tangan tansah obah.
  4. Pakulitane putih kaya kapur, daginge lemes, bathuk'e radha dhuwur, mripate bundher, telapukane alus banget, yen ndeleng kriyip-kriyip.
  5. Mripate yen ndeleng kamitenggengen, sikile yen lungguh digantung lan obah edheg, lageane ngusapi rambut lan mbenerke gelungane lan kerep ngemek janggute.
  6. Mripat katn rupane abang, putihing mripat semu kuning.
  7. Swarane kaya wong lanang, bangkekane cilik cangkeme amba, untu ne lincip, lageane utawa omonge ethog-ethog kaya wong suci. wong wadon kaya kang kasebut ing nduwur ora setya mring laki, dhemen marang lanang seje.   

Panengerane wong wadon kang ora becik lakune  
  1. Bathuke ing tengah-tengahe nonong, kupinge mblik mengarep, mripate nai laler kriyip-kriyip. wong iku watak'e laki ping telu utawa luwih.
  2. Rai pakulitane rada abang. pinggire mripat ngisor nduwur rupane ireng, irung bagean nduwr ana geret-geret e . watak e ora nduwe tresno lan tegel marang lakine dhemen golek wong lanang seje.
  3. Yen gumuyu sirahe ndingklok, omonge kaku, yen arep omong ilat'e metu dikawetakake ing lambe, watake senajan karo wong lanang luwih asor uga gelem melik, lan ora nduwe isin senajan disumurupi wong liyo.
  4. Raine rupane rada semu ijo, lan ana urate biru katon wiwit ing papahing irung tekan ing bathuk, mripat ciut peteng, kedhepe nrithil, wong iku yen lagi dhemen marang wong lanang seje , gelem lan tegel gawe kacilakan utawa kasusahane lakine.
  5. Mripat gedhe amba mendhelo kaya matane iwak mas, wong iku sing lanang mati dhisik.
  6. Swarane kaya gembreng benthet, raine amba sugih daging, wong ku sing lanang mati dhisik.
  7. Pipine gembil, swarane kaya wong lanang, wong wadon iku senajan wis laki ping 7 uga ijih nduwe karep laki maneh.
  8. Bathuk'e banget nonong, nanging yen ing tengahing bathuk lincip, godhonging kuping mbalik mengarep. wong wadon iku senajan wis kerep laki , nanging ijih duwe kepinginan laki maneh.  

Postingan terkait:

Belum ada tanggapan untuk "ciri fisik wanita tidak cocok untuk di peristri-wong wadon kurang becik"

Post a Comment

Mohon Berkomentar dengan bahasa bebas sensor

Mengenai Saya

My photo
Kab. Karanganyar, Jawa Tengah, Indonesia

Formulir Kontak

Name

Email *

Message *