search

Wewatak'ing Bayi

  • Watak'ing bayi miturut dina nalika lahir'e 
yen bayi lahir ing dina :


Akad

Lakuning srengenge , padhang atine , suka rila samubarange maring
pawong sanak e , keras budhine , asih marang kawula , reikan lan pinter
nucara , bisa mrentah wong tuwa

Senen

Lakuning rembulan , ora kena digampang wicarane , kebat cukat
samubarange , suka rila ing bathin , dhemen marang panggawe bener

Slasa

Lakuning geni  , Durjana rong prakara , disengiti wong , yen nduwe
sesanakan mung sedhelo , sebab banjur crah , suka rila , nanging jail dahwen
panasten tan antepan

Rebo

Lakuning bumi , yen becik ngluwihi becik e , ora kurang sandhang
pangan , budine meneng , yen clatu kapara ngarep , samangsa gelem clatu
kakudu-kudu

Kemis

Lakuning angin lan gelap , sapa kang dadi jodho ne sring mati dhisik
, akeh kang padha wedi marang wicarane , yen nduwe rowang ora bisa awet , ora
terung ing bathin , panas atine , luwih brangasan ,  ing lahir budine luwih
becik sarta rempit. Dhemen digunggung ing wong , kena diapus yen di empuk
alus.

Jumuah

Lakuning lintang , dhemen mandhita lan dhemen mlarat , yen deduwen
dijaluk sanak dulur e suka rila , dhemen ngupaya kapinteran , ambeke alus ,
suka marang pawong sanak e , akeh pawong mitrane padha asih.

Setu

Lakuning banyu , kerep disatru wong , akeh mitrane uga padha nyirik ,
sarta kinaweden ing wong akeh , nanging ana kayane , pinter ngupaya sandhang
pangan , dol tinuku gelis payu , luwih banter gawene , sabarang pagaweyan
kudu maratangan , enggal katandangan




  • wewatak'ing bayi miturut pasarane nalika lahir 
 yen bayi lahir e ing pasaran :

Kliwon

:

Wisa marta durjana tengah , ana alane an ana becik’e ingon-ingon’e munyuk lan asu, watak’e munyuk dhemen memenek , galak ora bisa tutut , akeh akal’e , saba dharatan lan kekayon , uga ana ing banyu , senajan wis dipakani uga gelem nyakot lan ngiwi-ngiwi , ora kena dicedhak’i lan di becik’i.
Watak’e asu setya tuhu marang bendarane nanging crobo pangane , nalar e ajeg sukawirya , gedhe kekarepane , akeh slamet’e akeh pujiane.
Slametane kethek , tegese jenang mancawarna

Legi

:

Sumendi , Ngibaratke ratu utawa bupati , ingon-ingon’e kucing karo tikus , watak’e kucing awas luwih tutut , bungah atine , tan nduwe sanggarunggi , bilahine dipaeka , sawise dipaeka lagi met curigane , bisa amor sugih bisa amor mlarat ,
Watak’e tikus yen bengi melek, awas , akeh pagati-atine , bingung ati’ne saka awak’e , sethithik pangan’e , mandi panyakot’e , samubarang kang cinakot
gelis mati , sring diwiyasa wong , bisa gawe dhadhakan , niteni banget marang
panggaweyan ala lan becik , gedhe begja ne lan gedhe bilahine ,
Slametane pithik , tegese jajan tukon pasar sapepake

Paing

:

Cendhana , ingon-ingon’e macan , watak’e macan adoh pasabane , lungguh dhewe, turu dhewe , arang mangane , kajaba yen dadi ingon-ingon’e ratu , akeh satrune , yen didisik’i mbilaheni , yen ndisik’i ora dadi ngapa , yen nduwe gagaman resikan, nepsune saka wong wadon , kerep diapusi , barang e kang ilang arang kang bisa bali.
Slametan e Kucing , tegese sega iwak

Pon

:

Samahita ,  kulon lakuning nabi , ingon-ingon’e wedus , watak’e wedhus dhemen wajangan , pasabane ora adoh , kang dipangan tanduran tegese mung nduwek’e dhewe, sring muring-muring maring bojone lan anak batihe , nalar e kuwur saka wong tuwa , watak’e wedhus sok wani marang kang ngingu , yen wani ora kena pinenging , sedheng kayane. Wateke nabi tutut budhine , pituture lumaku digugu.
 Slametane bulus angrem , tegese klepon lan srabi

Wage

:

Prabuanom , lo lakuning dhandhang, ingon-ingon’e sapi , watake tutut , sakarepe kang ngereh dadi , pakane kudu di ingoni , crobo , wathak e sapi dhoso , yen dipecut ora ngamuk , sabarang tinubruk , sathithik amburu pangan , nanging yen mangan lali sanak sedulure lan wong tuwane , peteng pikire kena pitnah , duwe kasinggihan nanging angkuh.
 Slametane bantheng tegese sega golong



  • Watak'ing bayi miturut lahir e dina lan pasaran 
Yen lahir e ing dina lan pasaran 

Jumuah kliwon
:
Yen lanang ora micara , mung sedhengan bae.
Yen wadhon lanas , marang wong lanang ngewani
Setu Legi
:
Cukeng pinter golek milik , blaba , ngingua jaran , wasis sarta sugih
Akad Paing
:
Wegig , pikir e prayitna , wewek’a semu dhiri piyangkuh kaya amutera
jagad
Senen Pon
:
Manis micarane , bisa ngenaki pikir sesamaning wong lan bisa golek
rejeki
Selasa Wage
:
Lamuh wuruk , ora micara. Yen wong wadon prayoga , bisa simpen arta.
Rebo Kliwon
:
Wegig micara , ing pikir calamut marang wong wadon , mawi rusuh watak pandhita
Kemis Legi
:
Ber pikir , Lumuh kaungkulan , yen wadhon luwih cendhata , mring wong lanang ngewani padu.
Jumuh Pahing
:
Meneng , yen busuk babar pisan , yen pinther dadi panutane wong akeh, Sugih kapinteran
Setu Pon
:
Bisa kriya gawene , yen lanang.  Yen wadhon bisa golek melik ,amabalubud.
Akad wage
:
Gedhe karepe , yen nduwe pikir ora kena dipalangi. Yen wadon ala
Senen Kliwon
:
Antheng pikir’e , yen ijih enom bandhol sadhela , yen wis tuwa alus pikir’e.
Selasa Legi
:
Kurang Micara , yen juweh wegig , barang ing pikir apik , kapara ngutuh wekasane lana.
Rebo Pahing
:
Mungguh umpakan , kapara diri , lumuh kaungkulan , satemene cocogan ,
pikir e banther
Kemis Pon
:
Antheng pikir e , piyangkuh , meneng , besus samubarang ora ketara , piyangkuh
gemi tegese.
Jumuah Wage
:
Bisa micarra , juweh recesh patitis , cetha nanging cengkiling ,nanging kerep kesandhung.
Setu Kliwon
:
Bodho ngaku pinter , lalen nanging temen , lumuh maju gawe.
Akad Legi
:
Lalen kurang wegig kapinterane , karemane madon , kang padha laku ala
panggawe ngiwa
Senen Pahing
:
Murka marang panggaweyan samubarang sedhengan , yen wadhon pikir’e
luwih prayoga.
Selasa Pon
:
Kurang pikir , lumu ing prakara , yen wadon sae , prayoga sinelir ing priyayi.
Rebo Wage
:
Sedhengan barang pikir e , maju ing gawe , yen wadon cendala maranng wong lanang.
Kemis Kliwon
:
Kurang pikir’e pethel ing gawe. Ye wadon sedhengan ing pemikir’e iku.
Jumuah Legi
:
Ela-elu ora nduwe pikir dhewe , yen kalah gelo jero bathin’e , langkung susah atine
Setu Pahing
:
Lanang wadona bisa golek melik , bisa simpen wicara alus utawa agal.
Akad Pon
:
Kurang pikir , percaya ing liyan , yen wong wadon prayoga bisa simpen kayane wong lanang.
Senen Wage
:
Kurang Pikir’e , bregundung ati’ne ,wani pekewuh , wani mati , yen wadon becik.
Selasa Kliwon
:
Yen busuk babar pisan , yen pinther dadi pujangga utawa ngulama.
Rebo Legi
:
Lumrah prasaja , njaluk gelem , dijaluki aweh. Yen wadon prayoga
sabarang pikir’e.
Kemis Pahing
:
Tentrem antheng , tan mikir , maju gawe temen , dadi priyayi cendhak marang wong agung , sedhengan samubarang gawene.
Jumuah Pon
:
Wegig sajroning pikir. Yen ora kaduga mlengos , ewo ati’ne kang ala.
Setu Wage
:
Lalen panggrahitane , pikir’e sajroning ati kaku , lengus sadhela
nuli mari.
Akad Kliwon
:
Murka sugih karep , yen wadon boros ing darbek’e
Senen Legi
:
Antheng ora dhemen micara , welu karep’e. Yen wadon becik ing
samubarang ing gawe.
Selasa Pahing
:
Isinan kaku pikir’e andhap patrap’e , lumuh ing pagaweyan. Yen wadon
remen mengku kakung’e.
Rebo Pon
:
Kuat pikir’e sregep ing gawe, temen sedyane. Yen wadon gemi , nanging kaku pikir’e
Kemis Wage
:
Banther budhine , saguh ing gawe , kuwat sabarang pakewuh. Yen wadon pikir’e ora lilan


  • Watak'ing bayi miturut tanggal nalika lahir
1
:
Angkuh , Gedhe sedyane , yen kesandung babar pisan wurung , dadi urusaning wong
2
:
Sugiha anak Sugih mitra , pilih kasih semu lengus , lalen
3
:
Sumeh prasaja , kaku gelis lejare , golongane kakon aten , nnging gemati
4
:
Wegig wicara , akeh pikir’e becik , elingan sebarang
5
:
Micara , maratangan , mara cangkem , loma ing bojakrama.
6
:
Busuk lalen sabarang pikir , crobo sebarang ginarap , kesed resikan tani pikir’e.
7
:
Wegig micara , rada paring marang wong wadon ingkang ala pikir’e saru
8
:
Sugih etung ala becik , sugih sadulur lan rukun ing sabarang , pikir’e becik
9
:
Kakon aten  , panasbaran , gelis lejare , lumrah pikir’e , lila sabarang
10
:
Pepet sumber , lalen nanging wegig pikir’e , dhemen wewadhul ala lan becik
11
:
Ber pikir’e , jubrya sumangkeyan , nangig weruh tata lan becik
12
:
Dhemen semu oleh , yen meneng lengus .yen receh patitis ,samubarang wasis
13
:
Limpad pamicarane , patitis wegig , kaku mung sadhela , brangasan nuli lejar
14
:
Sugih micara , becik cetha weruh ing sabarang , suci lahir bathin , pracaya pikir’e
15
:
Terang sabarang pikir’e , sedhengan , dadi pujangga , akeh wicarane kang suci ,
16
:
Busuk lalen , crobo sabarang pikir’e , kepara kesed ing samubarang gawe
17
:
Sugeh etung ala becik , sugih saduluran, padha rukun barang pikir’e , prayoga suci
18
:
Wegig micara limpad , rada pareng madon , parengan ing ala lakune.
19
:
Kakon aten , panasbaran gelis lejare lila barang pikir’e , murah bojakramane
20
:
Pepet pikir’re lalen , wekel pikir’e dhemen kena waduling wong ala lan becik
21
:
Ber pikir jubriya sumangkeyan , nenging weruh watak ala lan becik
22
:
Dhemen pikir molah , yen meneng bagus , yen juweh patitis nalar’e , kawruhe iku nyata.
23
:
Limpad pamicarane patitis , wegig , brangasan nanging sadhela bae lejar , pikir’e sareh.
24
:
Suci , sugih wicara becik , cetha kawruhe , suci pikir e lahir lan batin.
25
:
Terang sabarang , pikir sedhengan , dadi pujangga , akeh wicarane sabarang suci.
26
:
Busuk lalen crobo sabarang pikir’e , pagaweyane kesed lumuh , iku wong ala.
27
:
Sugih etung ala becik , sugih sanak sadulur , padha rukun gawe ,
28
:
Sugih micara nyenyengit tembunge , rada pareng mring wong wadon kang ala pikir’e ngiwa.
29
:
Kakon aten panasbaran , gelis lirih lejare , pradhah ing bojakrama.
30
:
Gedhe piyangkuhe , gedhe begjne , yen kesandung gedhe ora dadi ngapa


  • Watak'ing bayi miturut sasi nalika lahir

Sura
:
Meneng , panggrahitaning angen-angen yen pinter ngluwihi , mangkono uga yen bodho ngluwihi bodhone
Sapar
:
Brangasan , kebat cukat micarane . samubarang gawe ora tlatenan , nanging solah bawane sarwa sareh
Mulud
:
Kereng sakabehing , bisa dadi priyayi , sugih sarta dhemen aweh pitutur becik
Rabingulakhir
:
Maratani , ala becik bisa mengku , kebat cukat tandange yen nepsu mbilaheni
Jumadilawal
:
Bodho nanging setya legawa sarta ngandhel marang awak’e dhewe
Jumadilakhir
:
Kendel , nanging andhap asor sarta pinter
Rejeb
:
Lahir’e bodho , nanging batin’e ngungkuli sapadh-padha
Ruwah
:
Meneng , yen clathu patitis , ginunggung ing sapadha-padha
Pasa
:
Antheng , becik atine
Sawal
:
Keras lan kekarepane ora bisa ingeluk ing liyan
Dzulkangidah
:
Tansah ngangkah panggawe becik
Besar
:
Yen becik ngluwihi becik’e , yen ala iya ngluwihi alane sring niwasi

  • Watak'ing bayi miturut mangsa nalika lahir
Kasa
Watak’e
Tengah-tengah
Karo
Watak’e
Crobo
Katelu
Watak’e
Cetil
Kapat
Watak’e
Resikan
Kalima
Watak’e
Juweh
Kanem
Watak’e
Pinter sabarang gawe
kapitu
Watak’e
Cengkiling
Kawolu
Watak’e
Watak’e blaba
Kasanga
Watak’e
Rusuh calathune
Kasepuluh
Watak’e
Cugetan aten
Dhesta
Watak’e
Seneng laku salah
Sada
Watak’e
Welas asih


  • Watak'ing bayi miturut dina lan pasaran nalika lahir

Neptune dina lan pasaran kagunggung banjur kapara 7 , yen turah :
1
Segarawasesa
:
Sebarang gawene becik , akeh rejekine
2
Tunggaksemi
:
Lumintu rejekine
3
Satriyawibawa
:
Satiba-tibane tansah nemu kapenak
4
Sumursinaba
:
Bisa dadi pengungsen
5
Bumikapethak
:
Bisa dadi tani
6
Satriyawirang
:
Tansah nemu pakewuh
7
lebukatiyupangin
:
Kerep ngalih panggonan sarta tansah kekurangan

Bab petungan iki , neptune dina :
Jumuah
1

kliwon
1
Setu
2

Legi
2
Akad
3

Paing
3
Senen
4

Pon
4
Selasa
5

Wage
5
Rebo
6



Kemis
7




Katrangan : umpama lahir’e dina akad wage, neptune akad 3 ,
wage 5 = 8 , kapara 7 turah 1 tiba petung segarawasesa mangkono sabanjure



  • Watak'ing bayi
miturut gunggunge neptu dina pasaran nalika lahir.
yen gunggunge neptune ketemu : 

7
Narima , dhemen olah kapandhitan , nanging wicarane tan kena kasoran, dhemen lelungan adoh
8
Brangasan lan panasbaran , drengki kurang marta kang ati , akeh wog kang den brangus , dhemen padu , yen nepsu sok mbilaheni
9
Baranjalan omah-omah sring ngalih , sabane adoh , yen duwe japa ora mandi malah gawe karusakan
10
Antheng sembada , yen diwulang lantip , jero nepsune , baud lan bisa dadi dhukun , ora gelem tinakonan , juweh tresna marang sanak sadulure
11
Mapan beres tur pralayan , wani ngambah ing wengi lan kendel , wani mati , dhemen weweh , loma maring sapadha-padha , alane yen nandhang miskin , sring climut gelem njukuk barange tangga.
12
Kurang panarima ing titah , akeh pangarahe , kasmaran ing kasinggihan (dhemen kaluhuran) , lananga wadona gampang golek sandhang pangan , sring kelangan , tetepungane kurang manis
13
Lanyah pamicarane , gungane kepati-pati, nanging atine becik , rukun runtut mring sedulure , yen nepsu ala , betah melek tinggal kalbu (melek tanpa keperluan) , yen nyudagar wateke taberi dagang
14
Sabarang pagaweyan bisa , sadhela bae banjur pinter , apa meneh diwulang banget anggone ngemen-ngemenake , cacade rada sungkanan lan ora sugih , nanging lembah manah
15
Gejarah bisa mrentah wong tuwa , keras tatas atine , cukup pambudine, ora kurang sandhang pangan , akeh mitrane kang padha asih , cacade sring padu bab tatakrama lan akrama.
16
Sedep marang silakrama , sugih , juweh , sabarang cinipta , ora luput amasthi dadi , yen bukti (memangan) ora kena pinalangan
17
Meneng nanging cugetan aten , yen nyambut gawe sring niwasi , kerep dipaeka wong , tan kena pinadanan ing sapdha-padha
18
Kaduk wani kurang duduga , yen dinulu padhune sembranan , yen tukaran diwaneni banjur ngalah.

  •  Watak'ing bayi  
Miturut gungunge neptu dina pasaran kapara 9, yen turah :

1
Dangu watu
Gedhe muktine kongsi tuwa
2
Jagur macan
Gedhe cilakane sugih satru
3
Gigis bumi
Gedhe prebawane kinaweden dening wong
4
Keranganan srengenge
Gedhe cilakane , senajan dadi priyayi uga mlarat
5
Nohan rembulan
Akeh begja
6
Wogan ulet
Mlarat
7
Tulus banyu
Becik sabarang gawene
8
Wurung geni
Cilaka
9
Dadi kayu
Kinasihan wong agung , begja sapandhuwur’e





  • Watak'ing bayi 
miturut gunggunge neptu dina lan pasaran nalika lahir kapara 8 , yen turah :

1

Ginuron keringan


5

Kuat menangan
2
Dur raben apesan

6
Cantula
3
Nglampra mblaur

7
Punjul
4
Brama panan


8
Ilmu lantipan
Katrangan : umpama lahire dina kemis pahing , neptune kemis : 8 , pahing : 9 = 17 , kapara 8 , turah 1 tiba ginuron keringan.

Umpama lahire dina selasa wage , neptu selasa 3 , wage 4 ,  3+4=7 , sahrening 7 ora kena kapara 8 , banjur dipetung neptu 7 mau dadi turahan , dadi petunge tiba : punjul , lan sabanjure.

Postingan terkait:

Belum ada tanggapan untuk "Wewatak'ing Bayi"

Post a Comment

Mohon Berkomentar dengan bahasa bebas sensor

Mengenai Saya

My photo
Kab. Karanganyar, Jawa Tengah, Indonesia

Formulir Kontak

Name

Email *

Message *