- Wewatak'ing manungsa miturut panggonan andheng-andheng
Manggone
|
Arane | Watak’e |
Sirah tegen
|
manikharda | Akeh begjane lan kasembadan sabarang karepe |
Sirah iring kiwa
|
jemjem | Ora nduweni kekenengan , kerep nemu rubeda |
Sirah mburi
|
cantuka | Sabar , kendel , temen lan santoso , ayeman sabarang gawe |
Embun-embunan
|
duyuti | Dhemen goroh culika ngamandaka |
Unyeng2
|
Pulung jati | Pinter titi ati-ati lan becik banget atine |
Bathuk
|
werdatama | Lantip pikir’e |
Tengah bathuk
|
bercara | Pinter lan micara , kendel sarta becik atine |
pilingan
|
Srituwuh | Sugih rejeki lan sabarang kang katindhakne akeh keuntungane |
Nduwur tlapukan mata
|
gunasakti | Limpat budhine , bisa manjing ajur-ajer, pangupajiwane sarwa gampang ora kekurangan |
Ngisor tlapukan mata
|
Punggung | Bbodho , kesed. Puguh lan kangelan sandhang pangane |
Poking mata
|
Tameng tuwuh | Meneng antheng , yen guneman temen |
Putih’ing mata
|
Buta | Brangasan , goroh lan umuk |
Suluhan njero mripat
|
Sripadu | Lilan , temen , pinter lan andhap asor |
Alis tengen
|
Kajen | Becik atine seneng tetulung |
Alis kiwa
|
Jatmika | Ditresnani wong akeh , sarta yen wis jejodohan akeh banget begjane lan slamet |
Pipi cerak mata
|
Srigati | Dhemen sesanakan lan dhemen weweh , yen ketekan dayoh pradah akeh sasuguhane |
Tengah2 pipi
|
Tujusih | Ditresnani wong akeh lan omae kerep ditekani wong |
Tengah2 gligir irung
|
Turunsih | Yen wis nduwe bojo ditresnani wong lan akeh begjane |
Irung
|
Pulungsih | Ditresnani wong lan akeh begjane , karepe akeh keturutan |
Lekikan ngisor irung
|
Palguna | Limpad wicarane , sregep ing gawe , nanging sering kangelan rijekine |
Lambe ndhuwur
|
Gunasanti | Pinter lan gampang sandhang pangane |
Lambe ngisor
|
Lumer | Becik atine disuyudi wong |
Kuping
|
Srikurda | Panasbaran gampang nepsune |
Pok’ing cangkem
|
Nylarem | Pinter micara nanging angel sandhang pangane |
Janggut
|
Ciptakukila | Dhemen lan pinter micara, nanging sok kaladuk |
gulu
|
Sridaya | Pinter lan mulur atine , |
Githok
|
Punggel | Bodho lan cekak atine |
Pundhak tengen
|
Dayakarsa | Santosa kekarepane , apa kang arep katindhakne disumurupi dhisik |
Pundhak kiwa
|
Dayalena | Tanpa nduwe kekencengan |
dhadha
|
Tunggalrana | Sentosa , kendel wani pekewuh bisa ngentasi gawe |
susu
|
Sriasih | Didhemeni wong |
Ndhuwur pulung ati
|
Rena | Ber budi lan apa karepe kasembadan |
Geger
|
Reksamulya | Bisa nyimpen wadi |
Wudel
|
Manuhara |
Becik kelakuane tansah nemu seneng
|
Bangkekan
|
Kapita | Temen lan kenceng karepe |
Tepak kiwaa tengen
|
Budiama | Pinter lan akeh pituture |
Ula-ula
|
Murwat | Bisa gedhe drajate lan diluluti wong akeh |
Lengen
|
Reksamuka | Santosa mantep samubarang gawe |
Epek-epek
|
Rajakeleng | Kuwat badane , yen tangan mau kanggo nabok sok niwasi |
Gegering epek-epek
|
Ragam | Bisa nyimpen benda |
Sikut
|
Gutama |
Ditrenani wong akeh lan dhemen gawe kebecikan Santosa sedyane
|
Lengkongan sikut
|
Purusa | |
Cangklakan
|
Tutup | Bisa nyimpen wadi |
Driji tangan
|
Unggul | Apa kang kathindahakake dad begjane |
Ugel-ugel tangan
|
Brasta | Boros tanpa duduga |
Bokong
|
Basu | Kangelan golek sandhang pangan , mlarat |
Pok’ing walakangan
|
Bimalaku | Sarwa rikat cukat gaweane , santosa karepe . nemu kabegjan |
Perji (kemaluan)
|
Gutukbrama | Akeh begjane |
Kempol
|
Sitaremi | Terang engetane |
Balung kempol
|
Wregeng | Boros tanpa duduga |
Ugel-ugel sikil
|
Pasren | Dhemen manganggo sarwa becik lan kuwat lumaku adoh |
Sikil
|
Amartani | Kabegjane tatanen |
Tungkak
|
Juti | Goroh dhemen ngapusi |
Tlapakan(dlamakan)
|
Weca | Dhemen laku becik lan suci atine |
Driji sikil
|
Werdiguna | Tansah nindhakake kebecikan |
Dhengkul
|
Ancala | Narima kuat nandhang kasusahan lan kuat lumaku adoh |
Lekukane dhengkul
|
Kurang tetep atine |
- Watak'ing manungsa miturut ciri toh
Panggone | Arane | watake |
Bokong | Surung | Kuwat lungguh ora sayah |
Bokong luwih saka 1 | Basunya | Kangelan sandhang pangane , mlarat |
Tengah2 lekikan bokong | lumrang | Pinter lan dhemen tetulung |
Badan sisih ngarep | wisadhesti | Gawe kasusahan wong tuwa , sabab yen wis nduwe anak bapa biyunge sring cepak umur e |
Badan sisih mburi | brajadhesti | Panas lan tansah nandhang kamlaratan lan kasusahan nanging yen toh mau katuwuhan rambut senajan ora apik nanging ora mbebayani |
Belum ada tanggapan untuk "Wewatak'ing Manungsa"
Post a Comment
Mohon Berkomentar dengan bahasa bebas sensor