Yen bayi sumeng rama lan ibune padha ndilatana mbunmbunane,
epek-epek’e karo pisan, lan dlamakane uga karo pisan ,
Anggone ndilati wiwit saka kiwa . dene yen rewel kerep nangis ,
banjur ngidunga kaya ing ngisor iki:
Kinanthi
1. Yen nangis lara puniku , lela-lelanen anuli , supaya doh kang lalara , sarap saawane alari , tan wani anyedhakana , saking rokhmate hyang widi
2. Winaca puji iku , setan lumayu nggendring , sarap sawane anyimpang , panca baya pan
sumingkir , kala-kalane akesah , datan wani amarani.
sumingkir , kala-kalane akesah , datan wani amarani.
3. Pitik tulak pitik tukung , tetulake jabang bayi , situlak tunggu neng marga ,
situkung mangungkung ngarsi , cacing recek samya ilang , kruma kremi padha mati.
situkung mangungkung ngarsi , cacing recek samya ilang , kruma kremi padha mati.
4. Ana kinjeng tangids mabur , amencok ing selo hardi , mireng tangise ki jabang ,
arsa njuwuk anjampeni , jabang bayi wis menenga , wis turun aywa nangis.
arsa njuwuk anjampeni , jabang bayi wis menenga , wis turun aywa nangis.
5. Sapa manglong-manglong iku , apa sira maling sekti , ing lor kidul kulon wetan ,
den kongkon aguna maling , amburu si asu ajag , di poma den kongsi mati.
den kongkon aguna maling , amburu si asu ajag , di poma den kongsi mati.
6. Maling aguna sireku , kalawan sijabang kikik , miwah si aji palampang , reksanen si
jabang bayi mburu jinadha janthala , lawan si gumarang sapi.
jabang bayi mburu jinadha janthala , lawan si gumarang sapi.
7. Miwah si celeng demalung , tundhungen dimen angalih , yen wus nora katinggalan , sira
balio den aglis , reksanen ingkang santoso , anak ingsun jabang bayi.
balio den aglis , reksanen ingkang santoso , anak ingsun jabang bayi.
8. Sawengi aja ana turu , dimen adoh kang bilahi , sumingkir ingkang lalara , tan ana wani
nyedhak i , mulio aywa nggegawa , sijabang amales becik.
nyedhak i , mulio aywa nggegawa , sijabang amales becik.
Kalo ada mp3 kinanthi mohon dishare gan... Makasihh
ReplyDelete