search

Rencanane Bayi Lahir




Kang anggoda para dewa utusane sanghyang siwa , yen bayi lahir lagi oleh :

§ Sawengi
Kang ngrencana bathara kala , rupa asu ajag tekane surup srengenge , tulak e lawang-lawang
obongono wlirang , sajroning omah obongano blarak sawengi ping telu, sajene
sega punar iwak ati saunduhan , kinang , pangilon , kelut , sapu gerang ,
kendhi , papan damar neng daganing bayi , bapakne ngubengana omah lan muji
mangkene : Akala nama siwa


§ Rong bengi
Kang ngrencana bathara brama ngarupa sapi , tekane sirep wong , tulak e lawang didokok’i
godhong nanas dilonthengi : putih lan ireng ,. Ngobong kulit brambang , jeron
ngomah diobori nganggo blarak sawengi ping  telu , sajene : sego abang lawuhe
kuluban , kinang pengilon , sapu gerang , papan , kendhi , damar ning daganing
bayi , bapakne ngubengi omah lan muji mangkene : Hong brama sia yama swa henu


§ Telung bengi
Bathara wisnu rupa celeng , tekane tengah wengi , tulak e pipi lawang dekek ano ri widara ,
lan ngobong godhong tanjung , sajroning omah diobori nganggo blarak sawengi
ping telu , sajene : sega ireng iwak banyu , kinang , menyan madu , kembang
boreh , kelut ( sapu ) , papan pengilon , sapu gerang neng dhaganing bayi ,
bapakne ngubengi omah lan muji mangkene : Oma suyuna manta slano slaha


§ Patang bengi
Bathara guru rupa manuk perkutut , lan bathara mahadewa rupa wedus , apa dene bathara yama
rupa sanggira , bathara brama rupa sapi , bathara kuwera rupa tikus , bathara
pritanjala rupa manuk emprit  , bathara langsur rupa menjangan , bathara kala
rupa asu , bathara ludra rupa sapi handini , bathara surya rupa ula , bathara
candra rupa kucing.

Tutulak e omah dikentengi lawe wenang mubeng , sawengi ora kena turu , ngundang o sanak karuhesupaya ngrewangi melek . bayi kudu dipangku saawengi muput , gedheg omah disemburi
dlingo bengle lan bawang .
Pujine : hong, hong, ywan ywan , siwah boja bujanaki , tamar swana , maswala , ora kena
mateni kutu-kutu walang ngataga , semut , tinggi , lemut lan sakabehing bae ,
senajan gegrematane kang lembut banget uga ora kena den pateni.


Kang padha ngrencana mau sawengi kudu dibagekake kaping telu , sambat arane sang kala
katung mangkene mantrane :

Sapisan , ing wektu suruping srengenge : Ahang kona risti kane sedya ayu, sun iya harja ,
muliha mengko padha tekamu tan anggegawa ala lungamu uga aja nggegawa ala.


Kapindho , ing wektu tengah wengi mantrane : Ahang , komis mateka ing kene sediya harja ,
ingsun iki ya harja , muliho bareng tekamu , tekamu ora anggegawa mulihmu uga
aja anggegawa.


Kaping telune , Ing byar rahina mantrane : Ahang kanu raswa rawuh . sedya hayu , sun iya
harja , mulia bareng saiki , tekamu ora anggegawa , mulihmu uga aja anggegawa.

 Anggone mbagekake yaiku anggone mantrani seru kaya dene wong nyentak

Postingan terkait:

Belum ada tanggapan untuk "Rencanane Bayi Lahir"

Post a Comment

Mohon Berkomentar dengan bahasa bebas sensor

Mengenai Saya

My photo
Kab. Karanganyar, Jawa Tengah, Indonesia

Formulir Kontak

Name

Email *

Message *