search

Rencanane Bayi Yen Lagi puput Puser

Kajaba rencanane bayi ing sawengi ing tekane 4 bengi kaya
kasebut ing Rencanane Bayi lahir

Yen mbeneri puput puser iku luwih gedhe maneh rencanane ,kasebut sarapsawan

                Sarapsawan iku lelembut , sadulure
sijabangbayi dhewe yen ora disumurupi banjur ngganggu gawe .

Dene sadulure si bayi yaiku :

1
Kutilapas kethek
Kedadeyan saka bungkus
2
Celeng demalung
Kedadeyan saka kawah
3
Asu ajag
Kedadeyan saka ari ari
4
Kalasrenggi (bantheng )
Kedadeyan saka gethih
5
Kalamurti ( kebo )
Kedadeyan saka kelem
6
Kalarandhing ( menjangan )
Kedadeyan saka ilu
7
Kalawelakas ( kidang )
Kedadeyan saka kunir landhesane pangethoking ari ari
8
Tikus jinada
Coplokane ari ari
9
Taliwangke
Ususing ari ari

Para sadulur-sadulur e sijabang bayi mau kajaba disumurupi kaya kasebut ing Rencnane bayi lahir lan uga di lela-lela sarana kekidungan , mangkene kikidungane:

DHANDANGGULA

1.    Ana kidung akadang premati , among tueuh ing kawastaniraa , nganakaken saciptane ,
kakang kawah puniku , kang rumeksa ing awak mami , anakaken sedya , pun
kuwasanipun , adhi ari-ari ika , kang mayungi inh laku kuwasaneki ,ngenakaken
pengarah.

2.    Ponang getih ing rahina wengi , angrowangi allah kan kuasa , andadekaken karsane ,
puser kuwasananipun ,nguyu-nguyu sembawa mami nuruto ing panedha , kuwasanireku, jangkep kadangingsun papat  , kalimane pancer wus sawiji , nunggal sawujud ingwang.

3.   Yeku kadangingsun kang umijil , saking margaina sareng samya , sadino awor anggone , sekawan kadang ingsun , ingkang ora umijil saking , margaina punika kumpule lan
ingsun , dadio makdumsarpin sira , wawayangan ing dat reke dadiya kanthi ,
saparan dathan pisah.

4.    Yen angidung poma den memetri , mumulea sega golong lima , takir ponthang
wawadhahane iwak-iwakipun iwak tasrik rawa lan kali , sarta iwak bengawan ,
mawa gentalipun , rong supit winungkus samya apan dadiya sawungkus artha
saduwit , sawungkuse punika.

5.    Tumpangkena ing ponthangnya sami, dadyo limang wungkus ponthang liama , sinung sekar
cepakane , loro saponthangipun , kembang boreh dupa ywa lali , memetri ujubira, donganira mahmud , poma dipun lakonano , saben dina nuju kalahiran neki ,agung sawabe ika.

6.    Balik lamun nora den lakoni , kadangira pan padha ngrencana , temah udrasa ciptane ,
sesedyanira wurung , lawan luput pangarahneki , sakarepnira wigar , gagar datan
anthuk , saking kurang temenira , madhep laku iku den eling , samya den kawruhana. 

Postingan terkait:

Belum ada tanggapan untuk "Rencanane Bayi Yen Lagi puput Puser"

Post a Comment

Mohon Berkomentar dengan bahasa bebas sensor

Mengenai Saya

My photo
Kab. Karanganyar, Jawa Tengah, Indonesia

Formulir Kontak

Name

Email *

Message *