search

Rewang bayi

 
Jabang bayi lahir

Yen jabang bayi wis lahir , sadurunge den adani kupinge
tengen lan dikhomati kupinge kiwa.

Bayi mau ora kena digepok wong seje liyane dhukun’e, krana
bayi mau ijih suci lan menga atine.

Sakabehing bebalung , getih , dagingg , otot lan dat’e kabeh
ijih sarwa menga lan suci, yen kagepok wong kang wus akeh dosane banjur kaget.

Ati , balung , sungsum , lan liya – liyane mbanjur pada
rapet, mulane sunat den adan’i , krana kanggo nulak reridune iblis kang aran
omisijan.

Yaiku sababe bayi mbanjur nangis , krana den cublesi dening
iblis nganggo driji ne kiwa tengen.

Samangsa den adani iblis’e  ora wani, lan uga den wacakne
surat : inna anjalnahu ing kuping tengen , kulhu ping telu ing kuping kiwa.



·       Ngethok usus

Usus’e digegeli (diurut) supaya nglumpuk
getih’e banjur ditugel nganggo welat pring wulung landesan kunir , getih’e
dileletake lambene bayi supaya abang menger-menger.

Welat’e dirawati kanggo maneh ing  selawase
mulane ana sesebutan: sedulur tunggal welat. Dene yen ora dirawati , welat lan
kunnir diworno ing ari-ari kalebokake ing kendhil.



·       Mendhem ari-ari

Ari ari diwadahi kendhil anyar ,

ing njero dilambari godhong senthe didokoki :

a.      Kembang boreh

b.     Lenga wangi

c.      Kunir tilas pangethok’e usus sak welat’e

d.     Uyah , dom benang , gereh pethek

e.     Gantal rong kenyoh

f.       Kemiri gepak jendhul

g.     Tulisan jawa , arab , abjad lan dhuwit sagobang

Kendhil ditutupi lemper anyar kang rapet banjur kabunthel mori anyar sakacu.

Ari ari mau ana kang terus kalabuh ing kali , ana kang kagantung ono ing padoning omah njobo , besuk yen si bayi wis gedhe ari ari kang kagantung banjur dilabuh dhewe dening si bayi
mau.nanging kelumrah terus dipendhem, kang macul lan nglebokake ing luwang
bapak e dhewe, sarta dandan kang becik lan kerisan. Ing saben weton e sibayi
pendheman ari-ari mau didekeki kembang telon.



·   
Kopohan

Jarik tilas dik engg tapih nalika
nduwe bayi , sakwise dikumbah resik banjur dirawati (ora kena di enggo) dene
kanggone yen si bayi ora kepenak awake , iku ginawe suwuk dikemulke , apadhene
dienggo besok yen nduwe anak meneh sarta kang ngumbah kopohan mau nganggo
panebus (diupahi) dhuwit shuwang saprapat (shuwang sabenggol = 10 ½ sen )



·   
Slametan brokohan

Yen bayi mentas lahir , dibrokohi
yaiku endhog mentah cacah e miturut neptu ne dina lan pasarane lahir e bayi iku

(a)    Gula jawa

(b)   Dhawet

(c)   Ambeng diwadahi tampah , iwak e kebo siji (iwak daging satithik, lan sarupane jeroan
sathitik-sathitik dipepaki sarta matane 1) lan pecel pittik jangan menir



·  
     Puput Puser

Yen wis puput
pusere bolonganing puser dibunteti nganggo mrica 2 yen bayine lanang , dene yen
wadon dibunteti nganggo tumbar 2.

Mrica utaawa tumbar kalebokake ing bolongan puser dipenetake ing tangan nganggo diwur-wuri :
sukmadiluwih , jambuling kembang nagasari , digoreng sangan banjur kapipis ,
kerikan : munthu , irus , menyan ( sathithik bae mung kanggo sarat )

Coplokane puser dirawati kang permati . omah awerana maneh lawe wenang mubeng , pinggir lawang omah dokokano godhong nanas dilonthengi enjet lan angus di emper ula welang , lan gogodhongan : widara , apa-apa , awar-awar, girang , ri kemarung , kupat
luwar isi sawanan (dlingo bengle , bawang ).



 Kabeh mau panulaking sarap sawan , panunggalane kaya kasebut ing dhuwur . Sarapsawan iku kadadeyane para sedulur : kakang kawah adi ari-ari , kang metu bareng sadino
kang metu ing marga ina , kang kerawatan , lan ora kerawatan , getih puser
kelimo pancer , welat kunir lan coplokan ari-ari. Mula supaya ora ngganggu gawe
para sedulure sibayi mau , supaya digaekake dolanan yaiku : payung , gendera ,
umbul-umbul , kagawe saka kertas , kerisan lan tombak kagawe saka pring , kabeh
mau katancepake ing gedebog, lan mengko bengi jam 7 nyumedo mrecon martandani
yen wis puput. Kajaba iku ing sawengi muput kudu dipangku.


 wayah esuk byar rahina sibayi lagi kena diturokake. ing paturone sibayi dekekano gandhik
kacorek-corek enjet kaembo wong , nganggo : mata , irung , cangkem , lan
sapunanggalane , digendhong cara bayi , katurokake ing paturone sibayi ana
tampah kalemekan godhong senthe .

dene slametane sega janganan , jenang abang , jenang baro-baro lan jajan pasar.
Ing wengi iku bayi banjur diwenehi jenang.



Postingan terkait:

Belum ada tanggapan untuk "Rewang bayi"

Post a Comment

Mohon Berkomentar dengan bahasa bebas sensor

Mengenai Saya

My photo
Kab. Karanganyar, Jawa Tengah, Indonesia

Formulir Kontak

Name

Email *

Message *