Slametan wong meteng yen wis oleh :
Ø 1 Sasi
¨ Jenang obor-obor (sungsum), yaiku glepung beras kajenang diuyahi, adune juruh santen
Ø 2 Sasi
1. Sega
janganan, yaiku tumpeng pinggire mubeng didekeki janganan, rupane janganan
manut kalumrahe panganggone dhewe-dhewe, nanging cacahe kudune ganjil, upamane
janganan rupa 9, 10 lan sabanjure, janji ganjil
janganan, yaiku tumpeng pinggire mubeng didekeki janganan, rupane janganan
manut kalumrahe panganggone dhewe-dhewe, nanging cacahe kudune ganjil, upamane
janganan rupa 9, 10 lan sabanjure, janji ganjil
2. Jenang abang, yaiku beras kajenang digulani jawa (gula klapa)
3. Jenang putih, yaiku beras kajenang disanteni
4. Jenang abang putih, yaiku jenang abang ditumpangii jenang putih , kang digawe kaya kang kasebut ing nduwur
5. Jenang baro-baro, yaiku katul kajenang disisiri gula jawa lan parutan kambil.
6. Pipis kenthel yaiku , glepung beras diuyahi lan disanteni , digulani jawa kasisir .
banjur kawungkus di dang
banjur kawungkus di dang
7. Jajan pasar lan kebang boreh , yaiku sawarnaning jajan pasar dipepak i
Ø 3 Sasi
Slametane padha karo slametan 2 sasi
Ø 4 Sasi
1. Sega punar , yaiku sega wuduk dikuniri lan di asemi , lawuhe kebo (iwak daging lan
sawarnaning jerohan satitik-satitik sapepake lan mata siji), nganggo sambel
goreng
sawarnaning jerohan satitik-satitik sapepake lan mata siji), nganggo sambel
goreng
2. Apem, glepung beras dicolok radi digulani jawa
3. Kupat , yaiku sawarnaning kupat janur : Sinta , jago , Sidalungguh , luwar
Ø 5 Sasi
1. Sega janganan , yaiku kaya kasebut ing nduwur
2. Uler-uleran, yaiku glepung beras dijer’i banyu diwowori nopal abang , kuning , ireng lan
liya-liyane , bnjur digawe wangun uler
liya-liyane , bnjur digawe wangun uler
3. Ketan mancawarna , yaiku ketan digawe rupa-rupa warna, sarta enten-enten , minangka
adune pandahare . Slametan 5 wulan iku, banjur nyaosi priksa para sanak sadulur, nyuwunake pangestu wilujeng, sarta nyaosi dhaharan diwadhahi takir dirangkepi
janur kuning (takir ponthang) bithinge dom warna 5. “mas , suwasa , salaka ,
wesi , lan tembaga” lambarane tebok utawa lemper lemah isine takir pothang :
sega wajar lan punar , lawuhan e iwak gorengan kebo siji , tegese iwak
sakjerohane dipepek’i, nganggo mata siji lan panganan kang kanggo slametan,
apadene rujak crobo.

Ø 6 Sasi
1. Apem kocor , yaiku gepung beras dicolok ragi tanpo gula , nanging pandhahare nganggo juruh santen.
Ø 7 Sasi
2. Jenenge tingkep , tingkeban katibakake dina Rebo utwa Sabtu , ing tanggal ganjil
saduruge tanggal 15. Kang nggarbni disirami lan dikramasi, dene aduse nganggo
siwur kang isih ana kambile (kambile ora dicukil), aduse nganggo banyu sekar
setaman (banyu dikek i kembang setaman). Dikosok’i glepung beras mancawarna
diwor’i mangir , pandanwangi , lan godhong kemuning. kang ngedhusi dhukune
utawa sanak sedulure dene lungguh e ing dingklik dilemek’i : klasa , lan
godhong-godhongan : apa-apa , kluwih, kara , dhadhapsrep , alang-alang lan
lemek kang bangsa sembet yaiku : letrek , jingga , bangun tulak , sindur ,
sembagi , slendhang lurik puluh watu , yuyu sekandhang lan lawon .

Dene sajen’e :
1 Sega jangan lan jajan pasar
2 Jenang : abang , putih , baro-baro ln jenang procot
3 Sega garing , kadhele , kacang lan wijen digoreng sangan banjur digongso
4 Emping ketan (ketan mentah kagoreng sangan dikrawu kasisiran gula jawa)
5 tumpeng rombyong .(tumpeng diwadahi cething didekeki endhog wajar iwak , trasi, brambang , lan lombok iku disuduk i ,
Lombok e ana ing dhuwur dewe , banjur kacublesake ing pucuking tumpeng. Dene ing kiwa tengene mubeng dicublesi
sundhukan gereh, krupuk lan janganan kayata: kacang kobis lan sapatunggalane)
6 Penyon (glepung beras dijur’i banyu , digawe rupa mancawarna kuning, ireng , putih lan sapanunggalane , dilentreng-lentrensap-sap’an
banjur di dang di iris-iris.)
banjur di dang di iris-iris.)
7 Sampora (glepung beras dijur’i santen, diemba bathok mengkurep , ing njero ne digulani banjur kalangseng)
8 Pring sadapur, (glepung beras mateng dijur’i banyu , kapetha tumpeng cilik 9 jodo,banjur ditancepi glindingan glepung beras Sajenthik- jenthik mancawarna.
Sawis’e siram resik , banjur diwuloni dhukun
lan banjur salin moncawarna pasatan , diubeti lawe abang , putih , ireng nanging
nglowong adoh lan weteng , banjur maratuwane utawa dhukun e nibak e
lan banjur salin moncawarna pasatan , diubeti lawe abang , putih , ireng nanging
nglowong adoh lan weteng , banjur maratuwane utawa dhukun e nibak e
tropong (piranti ngikal lawe) kang nampani tropone biyune dhewe utawa dhukun e ,
karo muni lanang arep , Wadon arep , janji slamet.
karo muni lanang arep , Wadon arep , janji slamet.
Banjur nibak e cengkir gading kagambar kamajaya ratih , janaka sembadra , utawa panji lan
candrakirana , uga muni :
candrakirana , uga muni :
Yen lanang kaya kamajaya , arjuna , utawa panji , yen wadon kaya ratih utawa sembadra utawa candrakirana.
Sawise banjur
mlebu ngomah ngadeg sangareping pathanen (senthong tengah) ing kono wis
disediani tapih lan kemben pitu-pitu , dienggo ganti-ganti kakendhokake bae. Nganggo
mlebu ngomah ngadeg sangareping pathanen (senthong tengah) ing kono wis
disediani tapih lan kemben pitu-pitu , dienggo ganti-ganti kakendhokake bae. Nganggo
sepisan , ing kono para sepuh ana kang ngelokake : durung patut , banjur
diplorotake , salin seje-sejene iya diaruh-aruhi maneh yen durung patut,
mangkono sateruse nganti kaping pitu anggone salin , meksa durung kabeneran ,
diplorotake , salin seje-sejene iya diaruh-aruhi maneh yen durung patut,
mangkono sateruse nganti kaping pitu anggone salin , meksa durung kabeneran ,
nganti tapih kemben’e nglumbruk ora kena disingkirake , serta banjur dilungguh’i. sawise mangkono banjur nganggo ngango sandangan kang sebenere , yaiku tapih
bathik tuntrum , kemben dringin , tanpo klambi lan ora kena ngnggo : suweng ,
ali-ali , gelang kalung lan kembang , banjur di’elok’ake : wis pathut, wis
pathut.
ali-ali , gelang kalung lan kembang , banjur di’elok’ake : wis pathut, wis
pathut.
Ø 8 Sasi
· Bulus angrem , yaiku klepon ditutupi srabi putih kakurepake ,
Srabi=bulus’e Klepon = endhog e kang diangremi. Klepon kang digawe saka glepung ketan dijer’i banyu diwenyedi godhong katu utawa pandan , uawa kara , diglindingi
ing njero nganggo kambil dijer ing pangaron diolah ing sangan ditutupi.

Ø 9 Sasi
· Jenang procot yaiku glepung beras dicuri gula santen , kajenang
yen wis setengah mateng , banjur didekeki once-oncek an gedhang wutuhan , yen
wus mateg diwadahi takir.
yen wis setengah mateng , banjur didekeki once-oncek an gedhang wutuhan , yen
wus mateg diwadahi takir.
Dene yen wus 9 sasi anggal tuwa
lek 10, durung krasa nglarani dislameti dhawet plencing, kang digawe pati
onggok digulaini santen, didol kang tuku bocah nganggo dhuwit wingko , sanalika
dhawet e kudu diombe , yen wis diombe bocah mau banjur lumayu mlencing.

*katrangan : Yen meteng mendeking , yaiku meteng kaping 3 ,
5 , 7 sabanjure (meteng tiba ganjil) slametane nganggo sega loyang (sego garing
didang) , kayune galar amben , supaya sudha rekasane lan slamet. Marga meteng
mendeking iku luwih rekoso anggone nglahirake jabang bayi.

Belum ada tanggapan untuk "Slametan Wong Meteng"
Post a Comment
Mohon Berkomentar dengan bahasa bebas sensor